Jumat, 15 Februari 2013

Babad Wanamarta

Banjaran Cerita Pandhawa 38

Babad Wanamarta

Prabu Matswapati lenggah ing Pancaniti, ngadep mareng Seta, Untara, Wratsangka, Surata lan Patih Nirbita. Gusti prabu ndawuhaken rencana peparing alas Wanamarta kanggo Pandhawa. Gusti prabu ngutus Patih Nirbita supados maringi pangertos dening Bagawan Abyasa, menawa Pandhawa badhe diparingi lemah Wanamarta. Sang Patih langsung pamiti, mangkat tumuju Wukir Retawu. Rundingan rampung, gusti prabu Matswapati mlebu tumuju istana nemunin permaisyuri lan Untari. Gusti prabu nyritakake rencana peparingan lemah kangge Pandhawa. Selajengipun gusti prabu semedi.

Patih Nirbita rundingan kalian Seta, Untara lan Wratsangka. sedaya badhe tindak marang Wukir Retawu.

Prabu Kalasambawa raja Nuswakambangan nampi tekane Patih Saramba. Patih maringi pengerten perkara keturunan Parasara kang pernah mateni bapane raja. Patih ngusulakan supaya keturunan Parasara ingkang taksih ndirikake Negara ing Wanamarta dipateni. Gusti prabu ngrestuni, sang Patih di utus ngangkat utusan para ditya kang sakti. Sawise siap, kabeh mangkat marang Wanamarta. Ing dalan barisan raksasa Nuswakambangan kapanggih kaliyan barisan Wiratha. peperangan ura bisa dihindari.

Bagawan Abyasa diadep dening Yudisthira, Arjuna, Nakula lan Sadewa. Sang Bagawan nggunemake Bima kang bakal mbuka alas Wanamarta. Arjuna diutus mbantu. Arjuna pamit, para punakawan melu arjuna.

Sepeninggal Arjuna saking Wukir Retawu, Patih Nirbita teka lan Seta. Wong loro mau ngaweh pangerten rencana gusti prabu Wiratha ingkang maringi anugerah alas Wanamarta marang Pandhawa. Bagawan Abyasa maturaken panuwun. Patih Nirbita lan Seta pamitan.

Wektu Arjuna ing sajroning alas diadep dening barisan raksasa lan akhire perang, para raksasa mati dening Arjuna.

Kombang Aliali kang ditilar ing Randu Gumbala angsal ilham supaya dadi sejatine Arjuna. Kombang aliali kaliyan buta raksasa mlebu menyang alas Wanamarta.

Buta raksasa kepanggih kaliyan Bima, ndadekake peperangan lan perselisihan. sewaktu arep dipateni ora dinyana sirep, nyatu kaliyan Bima.

Arjuna dikeroyok dening jin anak-anake Kombang Aliali. Jin diusir dening Arjuna. Kombang Aliali pengin nyatu kaliyan Arjuna.nanging Arjuna nolak, sebab ora mungkin kelaksana.

Sang Hyang Narada rawuh, Kombang Aliali di kengken ngrasuki Arjuna. sawise dirasuki Kombang Aliali, Arjuna tambah sakti. Sang Hyang Narada nyuwun supaya Arjuna gelem migunakake asma Kombang Aliali, salajengipun Sang Hyang Narada tindhak menyang Kahyangan.

Partawati larene Prabu Partakusuma gusti prabu Cintakapura nyritakake mimpine marang ayahandane. partawi mimpi kawin kalih Arjuna. lajeng nyuwun digolekna kesatria Arjuna kuwi. Prabu Partakusuma menyanggupaken,lajeng lunga luruh arjuna.

Prabu Partakusuma kepanggih Arjuna sareng-sareng kaliyan panakawan. Raja jin kuwi nyuwun supados Arjuna purun dipundut dados mantune. Arjuna jengkel,lan geram ngusir raja jin mau. Raja jin ingkang sakti berhasil mboyong Arjuna, lajeng dipunpanggih dening Partawati.ora dinyana Arjuna malah seneng dening partawati, lajeng purun nikahi Partawati.

Prabu Partakusuma pengin mirsani keris Pulanggeni, pusaka gadahipun Arjun lan Arjuna maringi pusaka mau marang prabu partakusuma. Prabu Partakusuma bunuh diri ngangge keris Pulanggeni, ora dinyana musnah, nyatu karo Arjuna. Sejak kuwi Arjuna ngunakake jeneng kang sinebut Parta.

Prabu Matswapati guneman kali Seta, Untara lan Wratsangka ngenani bab Negara Ngamarta kang wis rampung dibangun dening Pandhawa. Gusti prabu arep sowan tumuju Ngamarta.

Prabu Kalasambawa ngenteni tekane utusan kang diutus tumuju alas Wanamarta. Ora dinyana Togog teka,ngaweh pangerten bab sedone para utusan.gusti prabu jengkel, lajeng lunga menyang Ngamarta kaliyan perajurite.

Bagawan Abyasa rawuh ing Ngamarta, salajengipun ugi teka gusti raja Matswapati. Warga Pandhawa lan Wiratha lengkap dateng ing Ngamarta. Prabu Matswapati ngangkat Yudisthira dados gusti prabu ing Ngamarta.

Patih Nirbita teka menehi kabar menawa ana musuh teka menyerang kerajaan Ngamarta. Bima lan Arjuna dipun utus nglawan musuh. Raja Kalasambawa lan perajurit buta mati, amarga amukane Bima lan Arjuna. Kerajaan Ngamarta wis aman lan tenteram.

Pesta gedhe ing kerajaan Ngamarta, ditekani dening keluarga Pandhawa lan Wiratha.



AMANAT CERITA WAYANG ING NDUWUR YAIKU

• Peperangan iku dudu solusi kanggo ngrampungake masalah

• Wonten pepatah kang nerangaken menang dados areng kalah dados awu, artine menang lan kalah ing peperangan langka batine

• Kita, dados tiyang niku ampun srakah

• Saben masalah iku saged dirampungaken kanthi cara musyawarah

• Wonten hikmah ing sajroning prastawa nemawi kita saged nanggapi kanthi sabar lan ikhlas




Disusun Dening

Devi Ana Gusliani

Jumaroh

Lusi Nur Indah Sari

Nur Fadilah

Muidah

Rizki Anjar Dwi G

Sutanti Eka Murti

Vika Panca Damayanti

(Kelas XIIAP2)



SMK NEGRI 1 PEMALANG

Jalan Gatot Subroto no 31.Pemalang 52319