Minggu, 27 Januari 2013

KERIS BISA DADI CINDRAMATA SAKING TANAH JAWA

KERIS BISA DADI CINDRA MATA
SAKING TANAH JAWA

Ing wanci riyen, keris bisa digunaake kanggo senjata lan pusaka dening para kesatriya ing peperangan, keris ugi di percaya ndueni energi kesaktian sing luar biasa. Mila bisa nggawe lawan-lawane padha wedi. Nanging ing  jaman saiki keris digunaake dadi benda seni budaya, lan dadi koleksi wong sing tresno marang pusaka keris .
Meski keris wus diakui UNESCO nanging keadaane ora patia diminati kayata bhatik, kita sing dadi generasi enem kudu saged nglestariaken kebudayaan jawa, ing babagan iki kususe pusaka keris.  Sa’liyane nglestariake kita ugi saged ngenalaken  pusaka keris supaya saged di kenal masyarakat akeh ing indonesia lang ing manca negara.
Cara utawa usaha kang saged di dilakoake supaya keris saged di kenal masyarakat akeh kayata:
1     Nggadaake pameran seni khususe pameran keris ingkang diadakaken ing kota-kota gedhe  ing INDONESIA lan ing MACA NEGARA
2.   Wisata kaliyan sinau kebudayaan kang saged di lakoake bocah-bocah sekolah. Dateng
ngunjungi pameran utawa musium keris kang ana ing INDONESIA.
3.      Kita ugi saged manfaatake Teknologi menawi menehi informasi-informasi ngenai babagan keris ing situs-situs sosial kayata facebook, twitter, bloger,E-mail. L.s.p, kejaba akun mau sing  nggunaake tiyang-tiyang enem ingkang bakal dados generasi muda, mila tiyang-tiyang mau melu sinau ngenai kebudayaan indonesia  khususe pusaka keris.

Kita ugi saged ndadeake keris supaya saged dados cindramata saking tanah jawa. Cara utawa usaha ingkang saged dilakoake kayata:
1.         Keris saged di damel nggange ukuran ingkang alit, di damel ingkang menarik, lajeng saged di lebetaken ing kotak kaca lan di paringi identitas keris kayata nami keris,asale keris lan nami ukiran keris. Keris di damel nggage ukiran ingkang werna-werna lan didamel sing unik dados minat tiyang ingkang bade tumbas luih gedhe.
2.         Keris saged di damel kannge aksesoris kayata
-            Bandul kunci
-            Bandu HP
-            Kalung nganggo bandul keris
-            Aksesoring ing lawang (korden/langse nganggo bentuk keris)
3.         Keris ugi saged di pun sade teng panggonan pusat oleh-oleh, mal, panggonan obyek wisata kang terkenal lan akeh pengunjunge ing pulau jawa. Sa’liyane sadeyan ing papan panggonan mau keris ugi saged nyade ing situs-situs online. Dados, tiyang ingkang tebih saged tumbas cindramata keris mau, ing situs online.

Usaha-usaha mau ing nduwur iku salah sawijining usaha kang saged ndadeake keris luih dikenal masyarakat akeh lan saged didadeake cindramata saking tanah jawa.

Mugi-mugi wonten paedhae

rizki_anjar40@yahoo.com  utawa rizkianjardwi@gmail.com (monggo ningali wonten kritik utawa saran ingkang mbangun)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar