Minggu, 27 Januari 2013

Drama Lucu ( Bahasa Jawa)

KLUNCUR
Paraga:
-          Bu ustad
-          Wati      (santri wati)
-          Siti         (santri wati)
-          Siska      (santri wati)
-          Rohani (santri wati enggal)
Setting  papan  : pesantren
            Wektu   : sonten-sonten
            Swasono: rame
Properti             : ember, alat-alat sholat, tali

Ing sawijining pesantren, bocah-bocah lagi padha ngenteni buka puasa bareng. Bu astuti salah sawijining ustad ing pesantren iku penasaran karo santri wati sing anyar, kebeneran santriwati anyar kuwi pabagan kaliyan bu astuti
Rohani   : (numuju bu astuti) assalamualaikum Bu Ustad (karo salim)
Bu astuti: waalaikum salam wr.wb (mesem). Ibu dereng pernah ningali sampean ndo, jeneng mu sinten?
Rohani   : kula siswa enggal bu, nami kula Rohani (munduk-munduk)
Bu astuti: o...... namine rohani, arep ring ndi ndo? (penasaran)
Rohani   : kula bade teng musholah bu, (nunjuk musholah)
Bu astuti:  o..... yawes monggo, monggo
Rohani   : inggi bu, assalamualaikum.
Bu astuti: waalaikumsalam wr.wb

Lajeng bu astuti mlaku numuju kantor  nanging bu astuti malah weru siska lan siti mlaku bareng
Bu astuti: (ngundang) siti, siska (seru)
Siska, lan siti mlaku numuju bu astuti
Siti         : inggih bu ustad wonten nopo?
Bu astuti: mangke kangge ngentosi buka puasa , tulung di adakake kultum utawa siraman rohani.
Siska      : o..... siraman rohani bu ustad?
Bu astuti: iya, siraman rohani
Siti, siska : (hormat) siap bu ustad (semangat)
Sa’wisa di kengken bu astuti mau siti lan siska cepet cepet ngadakake siraman rohani .
Wati      : (mlaku cepet-cepet) bu ustad- bu ustad (ngundang)
Bu astuti: eh..... wati ana apa wat?
Wati      : bu ustad, wau bu ustad sanjang nopo sih teng siti lan siska (heran)?
Bu astuti: lah sanjang nopo? Wong ibu sanjang mangke siti lan siska ngadakake kultum utawa siraman rohani
Wati      : niku mboten sae bu ustad?
Bu astuti: lo...lo...(heran) ko mboten sae , kultum kaliyan siraman rohani ngge sae sae mawon.
Wati      : kultum e sih sae nanging siraman rohanine sing m boten sae (karo nunjuk)
Bu astuti: astagfirallah ... ko rohani sing di siram?
Siti,siska : inggih bu ustad iki namine siraman rohani (karo nggebyur satri enggal sing jenenge rohani)

rizki_anjar40@yahoo.com kula sumonggo aken ningali wonten kritik lan saran ingkang mbangun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar