Senin, 28 Januari 2013

Thulada Panyandra

PANYANDRA MANTEN PUTRI

Wus kapyarsa latmat-lamat hangranging ungeling sekarteja. Sung  pakurmatan miyosing penganten putri ngenggih Diyah Ayu Rara Galuh Purwandari, S.Psi, jengkar saking panti busana , daya-daya kadherekaken lenggah ing sasana  krabangan winanggun. Lon-lonan nggenya lumampah kebak ing pengati-ati. Sarwi nut wiramaning gending , saha tansah nengenaken mring subasita, jumbuh kaliyan rum kuncaraning bangsa ingkang tansah hanggung mastuti dhateng endah luhuring budaya.
Temanten putri hangegem busana ingkan nawa retna hangemba busananing garwa nata. Hangagem sekar rinonce  ingkang sinampiraken ing pamidhangan kanan, kalamu kantiyubing samirana manda, kongans gandanipun ngantos hangebengi  jroning sasana pawiwahan.
Cinucukan lampah dening patah sakembaran, ingkang pinaragan dening angger Vivi saha angger Wilis. Nyate lare pawestri ingkang maksih timur , sinasaban busana edi peni, sayektii hamimbuhi semuwaning pahargyan.
Kanthi dening ibu yani, nenggih sekaring pahargyan, heninging cipta hamung nyenyadhang  sih wilasaning Gusti Kang Akarya Loka, mugya hanurunaken wahyuning palakrama sajuga, dhumateng ingkang daweg kapahargyan, satemah ambabur kayuwanan niskala datanpa rubeda.
Katingal laju nggennya  lumampah tumuju ing krobongan winanggun, daya-daya kaaturan lenggah ing papan piniji, hangratun babaring gati, sedya kang kaesthi.





Kapethik saka Kuncaraning Basa SMA 3 R1

rizki_anjar40@yahoo.com  monggo ningali wonten kritik utawi saran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar